Pendatang-pendatang sekang India moali mlebu nang tlatah Jawa sekitar abad 1 ngantek abad 3 Masehi, malah mungkin sedurunge sebab peperangan nang India sing dadi penyebab perpindahan kuwe wis kedaden adoh sedurung abad 1 SM. Jawadwipa (Pulau Jawa) karo Swarnadipa (Pulau Sumatera) dadi pilihan pengungsian sebab wis ana berita sedurunge nek Jawadwipa karo Swarnadipa kuwe negeri sing makmur tur tentrem.
Ana 2 kerajaan sing dibangun keturunan India kuwe sing ana catetan sejaraeh, yakuwe:
- Kerajaan Salaknegara, dibangun taun 138 M nang Banten, kiye cikal bakal kerajaan Tarumanegara. Kerajaan Salaknegara utawa Rajatapura ialah Kerajaan Hindu paling tua nang Indonesia, dibangun taun 130 Masehi nang wilayah pantai Teluk Lada, Pandeglang, Banten. Raja pertamne ialah Dewawarman. Raja terakhire ialah Dewawarman VIII terus tahta Kerajaan diwarisaken ming mantune ialah Jaya Singawarman (358 M). Jaya Singawarman lantes ngobah jeneng Kerajaan dadi Tarumanegara lan mindah ibukotane ming arah wetan sikitar wilayah Bekasi siki.
- Keranaan Kalingga, dibangun taun 618 M nang daerah Keling pedhek Jepara siki.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar